Posted by : soni Friday, November 15, 2013

MACA GEGURITAN
1. SEJARAH GEGURITAN
Basa jawa iku sugih kasusastran, salah sijine yaiku geguritan. Geguritan iku wujude kaya puisi ing basa indonesia, nanging migunakake tetembungan basa jawa. Miturut kaamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Miturut Subalidinata geguritan iku iketaning basa kkang memper syair. Mula ana kang ngarani geguritan iku syair jawa gagrag anyar. Geguritaan iku asaal tembune gurita, kang asale saka tembung gita kaang ateges tembang. Geguritan iku minangka asil cipta rasa panulise kang nuwuhake kaendahan. Maca geguritan iku satemene duweni supaya wong kang krungu, ngrungakake kanthi ati kang wening supaya bisa mangerteni makane gegurian kasebut. Mula sapa wae kang arep maca geguritan wes samethine maknani gegurritan luwih dhisik. Amarga maca geguritan tanpa mangerteni isine, anggone maca bakal sasar susur ora karuan.
Bab cak-cakane maca geguritan kang paaling becik iku kanthi solah bawa/patrape dhewe-dhewe, ora niru utawa nyonto solah bawa lan patrape wong liya. Awit menawa maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa ngilangi konsentrasi.
Cak-cakan utawa praktik maca gegurita saora-orane nyaakep patang prakara, yaiku
a.      Olah swara (olah vokal)
Olaah swara iki sesambungan karo kedaling lesan, tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang digunakake prayoga menawa swara padharaan, dudu swra saka dhadha amarga yen swara dhadha kurang manteb lan napase kurang kuat.
b.      Penampilan
Maca geguritan iku kudu nggatekake solah bawa, ekspresi, lan jiwane geguritan, umpamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih. Samono uga yeen isine bab semangat juang kang reget ya ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandhes, lan makantar-kantar.
c.        Sambung (Komunikatif)
Menawa maca geguritan iku antarane kang maca lan ngrungokake kudu nyawji, tegese maca tanpa ana kang ngrungokake ora guna,. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca ya ora bakal kelaksana.
d.      Sarana
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supayaa anggone maca geguritan tambah “nges”. Sarana bisa awujud mik (pengeras swara), panggung, gendhing, lan sapanunggale.
Kanggo luwih nggampangake anggone mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku kanthi cara menehi tanda mandheg :
a. tandha/kanggo ngatine tanda koma, karepe mandheg sadhela,
b. tanda//kaanggo ngatine tandha titik, karepe mandheg,
c. tanda=karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandhek.

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

1. copy code Html dibawah ini

Blogger templates

Blogroll

Powered by Blogger.

Copyright © TEMPAT BELAJARKU -Black Rock Shooter- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan